bdadinfo.com

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 63 Kirtya Basa Struktur Teks Pidhato Perpisahan Kelas - News

Ilustrasi Bahasa Jawa kelas 9

- Kunci jawaban Bahasa Jawa berikut dikutip dari Kirtya Basa Kanggo SMP/MTs Kelas IX edisi 2015 karya Drs. Sunardi, dkk.

Kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 SMP/MTs Wulangan 3 halaman 63 ini memuat materi tentang gladhen perangan utawa strukture teks pidhato perpisahan kelas.

Kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 Kirtya Basa ini pun menjadi bahan evaluasi untuk menelaah tingkat pemahaman siswa tentang materi tersebut.

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5 Halaman 18 Tantri Basa Uji Kompetensi Wulangan 1 Bagian B Gobag Sodor

Gladhen

Kaya andharan sadurunge, teks pidhato nduweni struktur. Tindakna pakaryan iki:

1) Gatekna lan wacanen maneh teks pidhato sing wis kokwaca!

2) Pilah-pilahen miturut perangan/struktur teks pidhato mau!

Pidhato Perpisahan Kelas

No. Perangan Ukarane
1. Salam Pambuka

Nuwun

Assalamualaikum wr.wb

2. Purwaka Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
3. Isi/surasa Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenengan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki
pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. 
4. Pangarep-arep Adhik-adhik, kula ndherek paring pepenget dhumateng panjenengan sedaya, sakmedhal kula saking pawiyatan punika, pangajab kula adhik-adhik sageda dados siswa-siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu Guru, lan dados murid ingkang pinter saha kreatif.
5. Panutup Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami.
6. Salam Panutup

Nuwun

Wassalammuallaikum wr.wb.

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 7 Halaman 52 53 54 Kirtya Basa Uji Kompetensi Wulangan 3 Teks Sumantri Ngenger

Terkini Lainnya

Tautan Sahabat